Sabtu, 11 Februari 2012

pidato berbahasa jawa


Assalamualaikum wr. Wb.
Bapak kepala sekolah ingkang satuhu kula bektosi
Bapak saha ibu guru ingkang satuhu kinurmatan
Lan rencang-rencang awit kelas X dumugi klas XII ingkang kula tresnani
Puji syukur tansah katur dhumateng ngarsa dalem ALLAH SWT ingkang sampun maringi mapinten-pinten kanugrahan, rahmat saha hidayah saengga kula panjenengan sedaya saget kempal manunggal wonten ing adicara menika kanthi wilujeng nir ing sambekala.
Pramila saking menika ing mbok bilih sak dangunipun kula sesrawungan kaliyan panjenengan sedoyo wonten kalepatan lan kekhilafan kula nyuwun agunging pangapunten. Awrat sejatosipun, perpisahan menika nilaraken pawiyatan SMA mriki lan nilaraken adhik-adhik kelas kula ingkang sampun kula anggep kadhos dene sederek piyambak. Nanging kados pundi malih, krana sampun dumugi wancinipun, mboten saget kawawinyelai pepesthening gusti ingkang maha kuwaos. Adik-adik kula ndherek pepenget dhumateng panjenengan sedaya mugi-mugi sakmedhal kula saking mriki adik-adik dados siswa utawi siswi  ingkang tansah mbangun miturut dhumateng bapak-ibu guru lan dados murid kang pinter tur kreatif. Kalihan mboten kesupen ugi tansah nyuwun donga saha pangestu dhumateng bapak ibu guru lan adik-adik mugi-mugi kula lan sak rencang-rencang kelas XII saget nglajenagaken wonten ing pawiyatan ingkang langkung inggil, wondene ingkang nyambut damel sageta tumunten pikantuk padamelan ingkang  trep kalihan ngelmi saha kasagetanipun piyambak-piyambak.
Wasana namung semanten atur pamitan kula amakili sedaya rencang-rencang kelas XII ing mbok bilih anggen kula matur kepanggih kalepatan kula tansah nyuwun lumunturing sih samdra pangaksami.
Akhirusalam, wassalamualaikum wr.wb.

soal ipc ,ipa,

http://downloads.ziddu.com/downloadfiles/4820331/SOAL_K.IPA_112.rtf