Assalamualaikum
wr. Wb.
Bapak kepala
sekolah ingkang satuhu kula bektosi
Bapak saha
ibu guru ingkang satuhu kinurmatan
Lan
rencang-rencang awit kelas X dumugi klas XII ingkang kula tresnani
Puji syukur
tansah katur dhumateng ngarsa dalem ALLAH SWT ingkang sampun maringi mapinten-pinten
kanugrahan, rahmat saha hidayah saengga kula panjenengan sedaya saget kempal
manunggal wonten ing adicara menika kanthi wilujeng nir ing sambekala.
Pramila saking
menika ing mbok bilih sak dangunipun kula sesrawungan kaliyan panjenengan
sedoyo wonten kalepatan lan kekhilafan kula nyuwun agunging pangapunten. Awrat sejatosipun,
perpisahan menika nilaraken pawiyatan SMA mriki lan nilaraken adhik-adhik kelas
kula ingkang sampun kula anggep kadhos dene sederek piyambak. Nanging kados
pundi malih, krana sampun dumugi wancinipun, mboten saget kawawinyelai
pepesthening gusti ingkang maha kuwaos. Adik-adik kula ndherek pepenget dhumateng
panjenengan sedaya mugi-mugi sakmedhal kula saking mriki adik-adik dados siswa
utawi siswi ingkang tansah mbangun
miturut dhumateng bapak-ibu guru lan dados murid kang pinter tur kreatif. Kalihan
mboten kesupen ugi tansah nyuwun donga saha pangestu dhumateng bapak ibu guru
lan adik-adik mugi-mugi kula lan sak rencang-rencang kelas XII saget
nglajenagaken wonten ing pawiyatan ingkang langkung inggil, wondene ingkang
nyambut damel sageta tumunten pikantuk padamelan ingkang trep kalihan ngelmi saha kasagetanipun
piyambak-piyambak.
Wasana
namung semanten atur pamitan kula amakili sedaya rencang-rencang kelas XII ing
mbok bilih anggen kula matur kepanggih kalepatan kula tansah nyuwun lumunturing
sih samdra pangaksami.
Akhirusalam,
wassalamualaikum wr.wb.